Laman

Wednesday, July 15, 2015

Jinising Tembung

Jinising Tembung yaiku :
1. Tembung aran (kata benda)
Yaiku jenenge sekabehing apa bae  kang dianggep barang.
Tuladha: pari, Solo, Haryadi, sapi, Merapi, meja, lsp.
2. Tembung kriya (kata kerja)
     Yaiku sakabehing tembung sing mratelakake solah bawa utawa tandang gawe.
     Tuladha: nangis, mlaku, turu, lunga, ditulis, ngguyu, mulih, lsp.
3. Tembung kaanan
Yaiku sakabehing tembung kang mratelakake kaanane utawa watake (sifat) barang.
Tuladha: abang, cilik, kuru, lemu, panas, adhem, lega, sesak, resik, reged, lsp.
4.  Tembung katrangan
Yaiku sakabehing tembung kang mratelakake katrangan marang tembung kriya, utawa tembung saliyane tembung aran.
Tuladha:
a.  asune mlayu banter.
b.  mangane alon-alon.
Tembung katrangan liyane: mau, ingkang, kana, mengko, tau, mesthi, lsp.
5.  Tembung sesulih
Yaiku sakabehing tembung kang kanggo nyulihi utawa ngganti jeneng barang utawa wong supaya ora bola-bali nyebut jenenge barang utawa wong mau.
Tembung sesulih bias kaperang dadi telung werna:
a. Tembung sesulih wong kapisan (aku, ingsun, kula, abdi dalem, lsp.)
b.Tembung sesulih wong kapindho (dheweke, kowe, sampeyan, sliramu, lsp.)
c. Tembung sesulih wong katelu (dheweke, panjenengane, iku, kuwi, apa, sapa, ku, mu, lsp.)
6. Tembung wilangan
Tuladha: siji, loro, seprapat, kapisan, kapindho, sepira, lsp.
7.  Tembung ancer-ancer
Yaiku sakabehing tembung kang dianggo nggandheng tembung lan tembang ing sajroning ukara.
Tuladha:
a.  Bapak tindak menyang Semarang.
b.  Sjita saiki manggon ing Ngadireja.
Tuladha liyane: saka, ing, karo, tumrap, marang, kanthi, saha, lsp.

8. Tembung panggandheng
Yaiku sakabehing tembung kang nyambung ukara siji lan sijine ing ukara rangkep utawa ukara majemuk.
Tuladha:
a.  Bapak lagi maos Koran, dene Ibu ndondomi klambi.
b.  Adhine pinter, nanging kangmase bodho banget.
c.  Lagi bae adhine mati, malah kangmase lara banget.
d.  Sabubare ngaso sapisan, banjur bocah-bocah padha mulih.
e.  Sutinah iku ayu, mulane akeh wong kang seneng.
Tuladha liyane: sarta, lan, kajaba, jalaran, sabab, marga, awit, lsp.
9.  Tembung panyeru
Yaiku tembung kang nggambarake wedharing rasa seneng, rasa kaget, rasa kuciwa, rasa gumun, lsp.
Tuladha: adhuh, ah, eh, lho, nah, wah, lha, kok, hus, lsp.
10. Tembung panyilah
Yaiku tembung sing dianggo nyilahake patrap, barang, bab, utawa liyane (kata sandang).
Tuladha:
a. Ingkang rama ngasta wonten pundi Mbak?
b. Para tamu katuran jumeneng sawetawis.
c. Si Suta lan si Soma mlaku bebarengan.
d. Sri Sultan misuwur kabecikane.
e.  Sang Prabu nembe semedi.

No comments:

Post a Comment