Laman

Wednesday, July 15, 2015

Tembung Saroja lan Yogyaswara

Tembung Saroja
Tembung saroja yaiku tembung rangkep, maksude tembung loro kang padha tegese utawa meh padha tegese dienggo bebarengan.
Tuladha:
Amrik-minging, Andhap-asor, Akal-budhi, Arum-wangi, Adi-luhung, Angkat-junjung, Angkara-murka, Bujana-andrawina, Bayu-bajra, Babak-bundhas, Budi-Pakarti, Buka-sakawit, Baya-pakewuh, Candhak-cekel, Dana-driya, Dhawuh-timbalan, Ciri-wanci, Dhedhep-tidhem, Edi-peni, Endah-peni, Enak-mirasa, Gandheng-renteng, Gandheng-ceneng, Guntut-ketug.
Tembung-tembung ing ngisor iki gawenen ukara sing becik!
1.      Babak bundhas
2.      Tresna asih
3.      Gagah prakosa
4.      Kepalu kepenthung
5.      Adi luhung

Tembung Yogyaswara
Tembung Yogyaswara, yaiku tembung loro ateges lanang wadon mung beda swaraning wandane wekasan, kayata: dewa-dewi, yeksa-yeksi, raseksa-raseksi. Dene yanta-yanti, prapta-prapti ora kalebu ewone tembung yogyaswara, jalaran tembung-tembung kasebut ora ateges lanang wadon, nanging iku mujudake jenenge bocah lanang wadon.

Tuladha liyane:
Bremana-bremani, parameswara-parameswari, widara-widari, gana-gini, bathara-bathari, apsara-apsari, lan sapanunggale.

No comments:

Post a Comment